Rabu, 12 April 2023

Banjir Bandhang Nrajang Malih ing Semarang

 


Para pamirsa, pamarentah Kitha Semarang enggal pirembagan kaliyan dinas ingkang kawogan saperlu madosi tata cara kangge ngawekani perkawis bena bandhang ingkang dipunsebabaken lepen Babon.

Miturut ngendikanipun Sekretaris Daerah Kitha Semarang Iswar Aminudin, dene toya  kasebat saking lepen Mluweh Kabupaten Semarang nuju dhateng lepen-lepen ingkang wonten banjur dugi ing lepen Babon.

Kedadosan bena kados ing Perumahan Dinas Indah lan kawasan Rowosari Semarang Setu(18/2) katrajang bena bandhang nyarengi  toya jawah ing Ungaran Kab Semarang.

Iswar ngakeni perumahan ingkang katrajang bena kasebat panci mboten beres ing bab izinipun. Awit wewengkon kasebut janipun mboten kangge pemukiman. Nanging pengembang samenika  mboten tanggeljawab.

Pemkot Semarang mbudidaya madosi cara kangge para warga. Tanggul lepen ugi dipundadosi , nanging ajeg nboten kiyat nahan toya kiriman saking inggil. Debit toya lepen Babon ing pungkasan panci ageng toyanipun, awit saking toya jawah. Kejawi menika ugi wonten alih fungsi lahan ing tlatah Kab Semarang. Pramila Pemkot Semarang ugi damel tanggul sawetawis kangge ngawekani bena saking lepen kasebat.

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

ARTIKEL

Hebat, Siswa SMP 17 Semarang Raih Juara 2 Lomba Tari Kreasi

 Siswi SMP 17 Semarang, berhasil meraih juara 2 lomba tari kreasi. Lomba diadakan oleh SMA Islam Sultan Agung 1 Semarang. Kegiatan diadakan ...