Para pamirsa, pamarentah Kitha
Semarang enggal pirembagan kaliyan dinas ingkang kawogan saperlu madosi tata
cara kangge ngawekani perkawis bena bandhang ingkang dipunsebabaken lepen
Babon.
Miturut ngendikanipun Sekretaris Daerah
Kitha Semarang Iswar Aminudin, dene toya
kasebat saking lepen Mluweh Kabupaten Semarang nuju dhateng lepen-lepen
ingkang wonten banjur dugi ing lepen Babon.
Kedadosan bena kados ing
Perumahan Dinas Indah lan kawasan Rowosari Semarang Setu(18/2) katrajang bena
bandhang nyarengi toya jawah ing Ungaran
Kab Semarang.
Iswar ngakeni perumahan ingkang
katrajang bena kasebat panci mboten beres ing bab izinipun. Awit wewengkon
kasebut janipun mboten kangge pemukiman. Nanging pengembang samenika mboten tanggeljawab.
Pemkot Semarang mbudidaya madosi
cara kangge para warga. Tanggul lepen ugi dipundadosi , nanging ajeg nboten
kiyat nahan toya kiriman saking inggil. Debit toya lepen Babon ing pungkasan
panci ageng toyanipun, awit saking toya jawah. Kejawi menika ugi wonten alih
fungsi lahan ing tlatah Kab Semarang. Pramila Pemkot Semarang ugi damel tanggul
sawetawis kangge ngawekani bena saking lepen kasebat.